Saturday, January 26, 2013

Kopi

Ngumpulin dulu bahannya, biar jadi utang::

"Coffee should be black as hell, strong as death, and as sweet as love" -- Turkish proverb
+++

Sunday, January 13, 2013

Zodiak Jawa

Sumpah! Ini copas dr grup BB. Salut buat yg bikin :D mantaps bikin terbahak, jg meringis. Maap kalo ada yg nyesek +_+

Zodiak JOWO" Gress Kanggo 2013
1. PIRGO
Penggaweyan sing cocok: dodol blewah karo jengkol. Keuangan: dhedhel dhuwel. Asmara: mbok yo goleko sing rodo genah lan waras.

2. AKUWARIYUS
Penggaweyan sing cocok: dodol ondho karo gedhek. Keuangan: bola-bali nyilah-nyilih tonggo. Asmara: sedelo maneh jomblo, dipegat karo calon morotuwo.

3. PISES
Penggaweyan sing cocok: mikul banyu, mangkal ojeg neng protelon. Keuangan: thongpes, kanthong kempes. Asmara: morotuwo arep golek mantu nanging sing ora koyo dapurmu.

4. ARIYES
Penggaweyan sing cocok: angon wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: rai gedhek.

5. TAWURUS
Penggaweyan sing cocok: ngarit suket kanggo pakan wedhus. Keuangan: kapusan karo konco dhewe. Asmara: gak payu2, kudu ganti dukun pelet.

6. GEMINI
Penggaweyan sing cocok: dodol klepon, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan morotuwo. Asmara: gak jelas sing di-sir lanang opo wedok.

7. KANSER
Penggaweyan sing cocok: macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, wis meh bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, kudu diruwat.

8. LEYO
Penggaweyan sing cocok: dodol suket karo dodolan daster. Keuangan: mbrebet. Asmara: ati2 iso kepelet bintang pilem kartun.

9. LIBERA
Penggaweyan sing cocok: gosek larahan utowo dadi tukang golek beling. Keuangan: gak iso entuk dhuwit. Asmara: sir2ane mlebu RSJ

10. SEKORPIYO
Penggaweyan sing cocok: ngelapi gendheng. Keuangan: mlarate mergo dikuras copet. Asmara: sir2ane mriang terus ra mari2

11. SAGITARIYUS
Penggaweyan sing cocok: ngresiki kakus, nyopir becak. Keuangan: bangkrut mergo dijaluki karo morotuwo. Asmara: yen duwe bojo ngidam kumise tonggone

12. KAPERIKOREN
Penggaweyan sing cocok: dodol krupuk. Keuangan: nguwatirno, kekerepen ditagih utang! Asmara: pacare lungo mlayu karo tukang njupuki sampah.

Monggo disinaoni.
Sing nasibe kiro2 elek yo siap2 wae!!!!!
+++
Inung // Nur Iman Gunarba
Koran Jakarta
081389298757
Sent fr/ hang-phone BlackBerry